Masmur 141
Pandonga ing sak njeruhné pantyoba
1Masmuré Daved.
Duh GUSTI, kula sambat marang Panjenengan,
kula supaya Panjenengan tekani,
supaya ngrungokké swara kula yèn kula sambat marang Panjenengan.
2Pandonga kula supaya dadia kaya kurban dupa wangi kanggo Panjenengan,
lan tangan kula sing kula unggahké dadia kaya pisungsung kurban ing wantyi soré.
3Duh GUSTI, Panjenengan supaya ngawat-awati tutuk kula,
lawangé lambé kula supaya Panjenengan jaga.
4Ati kula supaya aja Panjenengan tujokké marang ala,
supaya aja nganti nindakké penggawé sing duraka,
bareng karo wong sing nandangi ala,
lan kula aja nganti ngrasaké pangané sing énak-énak.
5Yèn wong bener nggepuk kula, kuwi katrésnan;
lan yèn ngukum aku, dadi balsem ing sirah kula.
Tenan kula tansah ndedonga nglawan penggawéané wong ala.
6Yèn wong-wong iki dipasrahké marang para rèkter,
mesti bakal krungu, yèn tembung kula kuwi betyik.
7Kaya watu sing disigar lan diremuk ing lemah,
mengkono uga balung-balungé pada pating slebar ing bolongané ndonyané wong mati.
8Awit GUSTI, Gusti Allah kula, mripat kula nyawang marang Panjenengan,
kula ndelik marang Panjenengan,
Panjenengan aja nganti mbanting kula.
9Panjenengan supaya gelem ngayomi kula aja nganti kenèng karo jiret,
sing dipasang kanggo kula, karo jireté wong sing nindakké ala.
10Wong duraka pada bakal tiba bareng karo jaringé déwé,
nanging kula bisa ngontyati.