Pernatan bab batur tukon Ibrani
1“Iki pernatan-pernatan sing perlu kok préntahaké marang wong-wong kuwi.
2Yèn kowé tuku batur wong Ibrani, kuwi enggoné kerja kanggo kowé suwéné nem taun, ing taun kaping pitu lilanana metu lan dadi wong merdéka tanpa mbayar tebusan. 3Yèn mlebuné ijèn, metuné ya ijèn; yèn nggawa bojoné, bojoné mau ya lilanana mèlu metu. 4Yèn bendarané sing ngekèki bojo, lan bojoné mau nduwé anak lanang utawa wadon, sing wadon kabèh anak-anaké tetep duwèké bendarané, lan sing lanang metu mung dèkné déwé. 5Nanging yèn baturé mau karo temen-temen ngomong: Kula wis trésna marang bendara kula, lan marang anak lanang kula, kula ora bakal metu dadi wong merdéka, 6terus bendarané masrahké ing ngarepé Gusti Allah, lan digawa tyedak lawang utawa kusèné, terus kupingé dityubles nganggo untyek karo bendarané, terus tetep kerja sakjeké urip.
7Yèn ana wong ngedol anaké wadon dadi batur, kuwi metuné, tyarané ora kaya batur lanang. 8Yèn baturé wadon mau ora disenengi bendarané, nanging mbiyèn wis dityawiské kanggo awaké déwé, bendarané kudu nglilani baturé mau ditebus, ora kena didol marang wong mantya, awit bendarané wis mblénjani marang batur wadon kuwi. 9Nanging yèn bendara mau nyawiské kanggo anaké lanang, ya dianggep kaya sing wis dadi anaké wadon déwé. 10Yèn bojoné mau ngepèk wong wadon liyané, sing ndisik ora kena disuda pangané, sandangané lan enggoné nuroni. 11Yèn bendarané ora nindakké telung perkara kuwi, wong wadon mau kudu dililani metu, ora usah mbayar tebusan apa-apa.”
Bab meksa marang nyawané sak pada-pada
12“Sapa sing mentung wong, nganti ndadèkké patiné, kuwi mesti diukum pati. 13Nanging yèn matèni mau karo ora disengaja, awit tangané mau dikanggokké karo Gusti Allah nindakké kuwi, Aku bakal nduduhké sakwijiné panggonan sing kena kanggo ngungsi. 14Nanging yèn ana wong sing muntap nesuné lan matèni sak pepadané karo tyara-tyara ngapusi, wong kuwi kudu dijukuk sangka mesbèh-Ku lan dipatèni.
15Sapa sing mentung bapak utawa ibumu, kuwi mesti diukum pati.
16Sapa sing nyolong sak pepadané, terus didol utawa ijik ketemu ana panggonané, kuwi mesti diukum pati.
17Sapa sing nyepatani bapak utawa ibuné, kuwi mesti diukum pati.
18Yèn ana wong pada tukaran, sing siji ngantem karo watu utawa ngantem karo tangané, nanging ora ndadèkké patiné, mung kepeksa nggluntung ing peturon, 19yèn kelakon bisa tangi menèh lan mlaku nganggo teken ing njaba, sing mentung utawa ngantem mau utyul sangka ukuman, mung kudu mbayar ruginé sing tatu, awit kepeksa nganggur, lan ngragati enggoné nggolèk tamba nganti sak mariné.
20Yèn ana wong sing nggebuki baturé tukon lanang utawa wadon nganggo kayu nganti ndadèkké patiné, kuwi kudu dibales. 21Nanging yèn baturé mau ijik bisa urip sedina utawa rong dina, kuwi ora dibaleské, awit baturé mau duwèké déwé.
22Yèn ana wong sing ijik gelut, salah siji ana sing nubruk wong wadon sing ijik meteng, nganti kluron bayiné, nanging tyilakané mau ora ndadèkké patiné, wong sing nubruk mau didenda kaya penjaluké bojoné wong wadon mau, manut putusané rèkter. 23Nanging yèn wong wadon sing tyilaka kuwi nganti mati, kowé kudu ngekèki nyawa gantiné nyawa, 24mripat gantiné mripat, untuné gantiné untuné, tangan gantiné tangan, sikil gantiné sikil, 25mlityèt gantiné mlityèt, tatu gantiné tatu, abuh gantiné abuh.
26Yèn ana wong nyabet baturé tukon lanang utawa wadon, kena mripaté nganti rusak, kuwi nglilanana baturé mau metu dadi merdéka kanggo gantiné mripat. 27Utawa yèn enggoné nyabet baturé tukon lanang utawa wadon mau nganti ompong untuné, ya lilanana metu dadi merdéka kanggo gantiné untuné.
28Yèn ana sapi nyundang wong lanang utawa wadon, nganti ndadèkké patiné, sapi mau kudu dibenturaké watu nganti mati lan dagingé aja nganti dipangan, nanging sing nduwé sapi utyul sangka ukuman. 29Nanging yèn sapi mau mbiyèn wis kerep nyundang lan sing nduwé ya wis diélingké, nanging ora gelem njaga, nanging sakwisé kuwi sapi mau nyundang menèh wong lanang utawa wadon, lan njalari patiné, ing kono sapiné kudu dibandemi watu, lan sing nduwé ya diukum pati. 30Yèn mung dijaluki duwit tebusan, kuwi enggoné nebus nyawa manut sak pira sing kudu dibayar. 31Yèn sing disundang kuwi botyah lanang utawa wadon, tyarané ngadili ya pada karo sing disebut mau. 32Nanging yèn sapi mau nyundang baturé tukon lanang utawa wadon, sing nduwé sapi kudu mbayar telung puluh sèkel slaka marang bojoné baturé mau, lan sapiné kudu dibandemi watu nganti mati.
33Yèn ana wong mbukak utawa ngeduk sumur, nanging ora ditutupi, terus ana sapi utawa kimar ketyemplung ing kono, 34sing nduwé sumur kuwi kudu mbayar sing nduwé kéwan rupa duwit sak pira regané, nanging kéwan sing mati mau dadi duwèké sing wis mbayar. 35Yèn ana wong nduwé sapi, sapiné nyundang sapiné liyané, nganti mati, sapi sing ijik urip kuwi kudu didol, payuné diparo, mengkono uga sapi sing mati mau ya didum dadi loro. 36Nanging yèn wis pada weruh yèn sapi mau mbiyèn wis kerep nyundang, nanging sing nduwé ora njaga, kuwi kudu mbayar karo sapi sing urip, lan kéwan sing mati kuwi dadia duwèké sing mbayar kuwi.”