Bab IV: Masmur 90—106
Masmur 90
Gusti Allah Pangayoman sing langgeng
1Pandongané Moses, abdiné Gusti Allah.
Duh Gusti, Panjenengan kuwi dadi pangungsèn kita turun-temurun.
2Sak durungé gunung-gunung dilairké,
lan sak durungé Panjenengan nggawé bumi lan ndonya,
wiwit kelanggengan tekan kelanggengan Panjenengan kuwi Gusti Allah.
3Panjenengan mbalèkké manungsa dadi lebu,
lan préntah: “Hé para anak-anaké manungsa, pada balia!”
4Awit 1000 taun kuwi ing mripat Panjenengan,
pada kaya dina wingi sing kepungkur,
ya pada kaya gilirané jaga ing wantyi wengi.
5Manungsa Panjenengan kéntéraké; pada kaya ngimpi,
kaya tukulé suket.
6Ing wantyi ésuk kembang lan seger tukulé,
soréné wis semplak terus alum.
7Tenan, kita pada entèk awit sangka bebendu Panjenengan,
lan ketiban rasa wedi awit sangka panasé-nesuné Panjenengan.
8Kesalahané kita Panjenengan bèbèr ing ngarepé Panjenengan,
lan ala kita sing didelikké ing pepadangé sloroté praupan Panjenengan.
9Tenan dina kita pada liwat awit sangka bendu Panjenengan,
taun-taun kita, kita entèkké kaya waé sambat.
10Suwéné urip kita kuwi pitung puluh taun,
nanging yèn kita pada kuwat, wolung puluh taun,
lan sing digedèk-gedèké kuwi anggèné ngalami rekasa lan sangsara,
awit mlakuné gelis banget lan kita pada kabur entèk.
11Sapa sing ngerti kekuwatané bebendu Panjenengan,
lan wedi marang enggèn Panjenengan nesu?
12Wulangana kita supaya ngitung dina kita sing sak mestiné,
supaya bisaa olèh ati sing wityaksana.
13Duh GUSTI, Panjenengan supaya gelem mbalik! Nganti kapan?
Supaya gelem melasi para abdi Panjenengan.
14Supaya ing wantyi ésuk kita pada Panjenengan wareki karo kawelasan Panjenengan
nganti kita terus pada surak-surak lan bungah-bungah sak lawasé kita urip.
15Kita supaya pada Panjenengan kèki kebungahan sing sak pantesé karo suwéné dina-dina enggèn Panjenengan ngekèki kangèlan,
lan sak pantesé karo suwéné taun-taun enggèn kita ngrasaké tyilaka.
16Penggawéané Panjenengan supaya bisaa kétok marang para abdi Panjenengan,
lan kamulyan Panjenengan marang anak-anaké.
17Kabetyikané Gusti Allah kita, supaya ngayomi kita,
lan Panjenengan supaya gelem nguwatké penggawéané tangan kita,
ya penggawéané tangan kita, kuwi supaya dikuwatké.